Vibrio cholerae ya iku baktèrigram négatif, kanthi wagun basil (watang) oi galera tudo bem vei(bisa obah), duwé struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan lumrahé padha asosiasi kanthi eukariot.[1] Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, mligi V. cholerae jalaran lelara kolèra sing ngrembaka ing nagara kang duwé banyu resik sithik lan duwé sanitasi kang ala.[2]V. cholerae tinemu wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854.[3]. Nanging, panemon wiwitan iki lagi kaloka sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau jalaran kolera.[3]
Kanggo nganakake isolasi lan pangopenan vibrio, bisa migunakaké médhia Thiosulfate-citrate-bile salts agar (TCBS) kang minangka médhia selektif kanggo isolasi lan pemurnian Vibrio.[2]Vibrio mampu migunakaké sukrosa minangka sumber karbon kanthi warna kuning, déné liyané warna ijo.[2] Nanging uga ana kang mikrob kang bisa thukul ing médhia iki, kaya ta Staphylococcus, Flavobacterium, Pseudoalteromonas, lan Shewanella.[2] déné kanggo nambahi Vibrio, bisa migunakaké médhia Alkaline Peptone Water (APW) kang duwé pH relatif dhuwur, ya iku kira-kira 8.4 lan ngandhut NaCl kang cacahé 1-2%.[2] Pamodotan optimum vibrio ya iku ing suhu antarané 20- 35oC.[2]
Teknik kang digunakaké ing identifikasi fenotipeV. cholerae ya iku uji lisin dekarboksilase lan ornitin (arginin) dekarboksilase, oksidase, Kliger Iron Agar (KIA), dan uji indol.[4] V. cholerae bisa nuduhaké asil positif ing patang uji biokimia mau.[4] Asil positif kanggo uji oksidase, uji lisin, lan arginin dekarboksilase ya iku kabentuke warna ungu tuwa.[4] Ing uji KIA, ora kadhapur gas, kanthi slant (pérangan lumahing médhia) kanthi warna abang (asifat basa) lan butt (pérangan dhasar médhia) wernane kuning (asifat asem).[5] kanggo nguji indol, bakal kadhapur warna abang semu ungu ing lumahing.[5]
↑Holt JG, Krieg NR. 1994. Bergey’s manual of determinative microbiology, 9th ed.. Baltimore: The Williams & Wilkins Co. Hal:190-274.
↑ abcdefThompson FL, Iida T, Swings J. 2004. Biodiversity of vibrios. Microbiol Mol Biol Rev 68: 403-31.
↑ abPollitzer, R. 1959. Cholera. Geneva: World Health Organization.
↑ abcChoopun N, Louis V, Huq A, Colwell RR. 2002. Simple procedure for rapid identification of Vibrio cholerae from the aquatic environment. Appl Environ Microbiol 68: 995-8.
↑ abKay BA, Bopp CA, Wells JG. 1994. Vibrio cholerae and Cholera: Molecular to Global Perspectives. Washington DC: ASM Pr.