Sastra Jawa Modern
Sastra Jawa Modern wiwit metu nalika jaman Walanda wis suwé ing tanah Jawa. Yèn diétung wektuné, kira-kira nalika abad sangawelas Masehi.
Wong-wong Walanda mau ngeguhke supaya para pujangga Jawa nulis carita kaya déné kang ana ing prosa wong bulé. Ora kaya carita-carita Jawa sadurungé, caritané ora ngenani wayang utawa lelakon kang wis kepungkur dadi lakon gethok tular.
Pisanané, basa kang digunakaké nganggo basa krama. Nalika wiwitan Balai Pustaka, sastra Jawa luwih akèh tinimbang sastra Melayu. Sastra Jawa modern wiwit kondhang nalika basa ngoko wiwit dienggo. Jaman iku, majalah Panjebar Semangat kang dipandhégani déning dr Soetomo nganggo basa ngoko supaya akèh kang bisa maca.
Sastra Jawa ngédab-édabé nalika ing antarané 1950-1960-an kang akèh dicithak novèl-novèl picisan (asring uga sinebut novèl panglipur wuyung). Jeneng kaya Any Asmara, Esmiet, Suparto Brata, lan miwiti dadi wong kondhang.
Daftar anggitan sastra
[besut | besut sumber]- Lampah-Lampahanipun Radèn Mas Arya Purwalelana, Raden Mas Purwalelana (jeneng sesinglon) 1866, 1875-1880
- Rangsang Tuban, Padmasoesastra, 1913
- Ratu, Krishna Mihardja, 1995
- Tunggak-Tunggak Jati, Esmiet
- Lelakone Si lan Man, Suparto Brata, 2004
- Pagelaran, J. F. X. Hoery
- Banjire Wis Surut, J. F. X. Hoery
- Sawiji Dina Sawiji Mangsa, Supali Kasim
- Ronggéng Dhukuh Paruk Banyumasan, Ahmad Tohari